Rabu, 03 Mei 2017

Geguritan alias Puisi Jawa

Hay, hay... ada post lagi nih. Postingann saya kali ini berbentuk guguritan mblaketaket ngapak Banyumasan. Geguritan ini saya tulis udah lama, kalo nggak salah waktu saya masih duduk di kelas 2 SMK. Awalnya saya ngga terlintas sedikitpun dalam pikiran untuk nulis geguritan atau puisi jawa, tapi karena waktu itu saya di tugasi oleh Bapak Guru saya untuk mewakili sekolahan mengikuti workshop geguritan di sebuah Hotel di kawasan Purwokerto, dan dalam workshop tersebut ada lomba bagi peserta untuk membuat 5 buah geguritan , bagi yang beruntung karyanya akan diterbitkan dalam bentuk buku, ya mau gak mau akhirnya saya peras otak buat nulis geguritan. Karena ini bukan passion saya, ya hasilnya ala kadarnya. Tapi gak nyangka, salah satu karya geguritan saya ada yang lolos, dan nongol juga di buku Analogi Geguritan Banyumas berjudul Inyong Sapa Rika Sapa, yang di susun oleh Kang Wanto Tirta. Okey guys happy reading...

************************

LUMBIR
Sanadyan dalane nguwil-nguwil
Nanging niku nggonku lair
Sanadyan kebek ing watu krikil
Sing gawe keri anggening sikil
Nanging mlayuku dadi semrinthil

Lumbir...
Jane apa sing ko duwe?
Tanaeh katon amba ngawe-awe
Kaline kato dawa kaya luwe
Dalan sing alus uga wis dak gawe

Lumbir...
Infrastrukturmu jane kaya apa?
Deneng pasar wae ora ana
Tumbas bensin kudu ngecer sebab POMe laka

Lumbir...
Sanadyan akeh wong sing nganggep kowe ndesa
Nanging akeh lair wong-wong sing perkasa
Uga akeh wong sing dadi tentara
Durung maning bocah-bocah pinter sing ilmune kanggo nang kota

Lumbir...
Desamu mung siji
Lumakumu kudu sing ati-ati
Aja ngasi kena karma saking gusti

SRENGENGE
Saiki hawane krasa panas
Srengengene abang mangas-mangas
Gawe ijoning wit-witan pada ngragas
Atiku dadi was-was
Wedi, kemarau kie bakalan lawas
            Saniki, banyu angel iline
            Suket laka ijone
            Sawah pada mbledag galengane
            Dalan uga ngebul lemahe
Jawah sing dak tengga ora teka-teka
Gawe manungsa dadi ora sranta
Mbolongi lemah golek toya
Anggawe lingkungan rusake nyata
            Kayane, lamuk ora kuwat nahan galake srengenge
            Nganti nrobos bumi mbakar alase
            Manungsa pada glasahan rasane
Amarga kurang syukur marang gusti bagindane

NGUNGUN
Gusti, kula nyuwun pangampura
Mboten saged ndidik kanca sabaya
Kula ngungun marang kawula muda
Tirose sampun dewasa
Nanging teksih kalah kalih anak TeKa
Gusti, kula ngungun..
Watek remaja niku tumrape baja
Atos, kuat, lan perkasa
Nanging gampil karatan lan cidera
Amarga lingkungan sing mboten mangayubagya

GIGAL DEMEN
Kahanane mboten saged tak gambaraken
Krasane bungah, susah, lan kebak ing sengsem
Keimpen rupamu sing sumringah tur kalem
Gawe batinku mesem-mesem
Lan mataku melek-merem
            mas, kowe niku mboten gagah
            nanging saged damel ati kula bungah
            mas, kowe niku mboten sugih
            nanging rasa niki mpun kepanggih
Gigal demen, niku basa ngapake
Artine abstrak, mboten enten ujunge
Basa kanggo ngungkapaken rasa senenge
Marang manungsa sing dados impiane

KAPUR
Katon bersih, putih, tur dawa
Awakmu kanggo nulis ilmu kalam tanpa pamrih pangganti dunya
Putihmu nyoretaken sinar teng papan kang peteng lan meneng mboten keprungu
Uni saking coretanmu ndamel bekal sangu akheratku
Ra iso aku nyawang lan paham dunya tanpa garis awakmu
            kowe mung katon sajentik
            nanging jasamu ora mung satitik
            kowe rela awakmu dados cilik
            kanggo ilmu sing gawe batin weruh fakta kanthi mendelik

            mung kanggo manungso ben uripe sarwa becik

Tidak ada komentar:

Posting Komentar